geguritan

RIYAYA LEBARAN WIS TEKA
sawise pasa sesasi muput
riyaya lebaran tumeka, aku lan kowe padha
aweh apura-apuranta samubarang laku kang luput

manungsa pancen kebak lali
kowe kabeh kudu percaya
mula aja lali njaluka ngapura marang tangga-teparomu kuwi
mumpung dinane dina suci
gampang lumebering ati
mesthi diyakini

kowe kabeh aja padha takon
apa panjalukmu iku bakal dingapura
percayaa marang Gusti
dene Gusti Allah wae paring ngapura
mosok manungsa ora gelem ngapura

;