geguritan

SRENGENGE ESUK IKU
sumunare srengenge esuk iku
kayadene sumunare dina-dina liyane
katon abang mbranang ana wetan
nanging kok rasane rada seje
abange nengsemake
endah wernane sumunare srengenge esuk iku
nggawa senenge atiku
amarga ibu ngasta roti
kanggo ulang taunku

ana latar njaba, kembang mlathi
lan anggrek, padha ndherek
gumuyu

;