geguritan

Werdining Katresnan
Werdining katresnan punika
rerakit lumampahing mangsa kang ngukir lembaring dalu rina
kang sinerat dening astaNya.
Werdining katresnan punika
reroncening trenyuh kabagyan,
kang medal saking panangis lan gumuyu,
trus rumesep ing telenging kalbu
Werdining katresnan punika
angaksami tumrap sadaya kalepatan,
nampi samukawis klentu pakarti tuwin sisiping pitembung.

Werdining katresnan punika
sabar sareh ugi nampi samukawis panandhang
lamun pedhut pacoban hanelahi, katresnan kinarya pepadhang.

Werdining katresnan punika
rak ugi sami pitados lan manungkung jroning pangajeng-ajeng;
awit katresnan salaminipun langgeng.

Werdining katresnan punika
peparingan Gusti Allah
katresnan kang mekar ing telenging manah,
konjuka ing Ngarsa Pepadhanipun…

;